Cak Konsul is Coming Back on

Sepurone dulur, wis meh 3 tahun Cak Konsul absen nyambangi dulur dulur kabeh. Amergo lagi sekolah master, cek’e ngak kalah ilmu…. ambek dulur-dulur MT 31 sing lagi sekolah master ndik UNTAG Suroboyo hehehehe…… Nek urusan sing apik-apik, ayo dulur saling berlomba lomba sopo eruh dadi amal jariah kongga ebes mbek emake’ dewe dewe.

Lha.. wiwit dino iki Cak Konsul dipasrahi genahno, nguruki (yen coro londoe: coaching) Matjali sing isih pernahe anake Yuk. Dadi cekak’e, Jali iki lagi sinau dadi konsultan. Jenenge arek bar lulus pojok’e kampus, kampuse ae statuse “terdengar samar-samar” terus njegur bisnis konsultan mesti wae akeh ndlerenge ambek tepake. Yo ngono iku nek arek millenial sik jarene antimainstream, pengine dadi entrepreneur 4.0 dadakan. pengin mulyo ning tandanggawene saksenenge udele dewe.

Wis semene wae perkenale cak konsul mbek ponakanku Matjali, ngak perlu dowo dowo, ngak perlu konferensi pers ngundang dulur dulur wartawan, ngak perlu ngundang tonggo teporo ben nggak dikiro bancakan sunatan sing kaping papat. Ojo sampai kelewatan dulur nyimak ngopine Cak konsul mbek Jali, nek sampean longgar wektu monggo dulur kabeh nimbrung ngopi bareng..👍👍👍

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *